Sabtu, 14 November 2015

Contoh Pawarta

CONTOH PAWARTA BAHASA JAWA
semoga bermanfaat bagi teman teman semua

KRUPUK ABANG PUTIH


Bantul, www.jogjatv.tv – Ing taun 70-an, krupuk pohung, ingkang namanipun  krupuk abang putih,  mujudaken nyamikan ingkang mirunggan. Sinaosa bahan bakunipun glepung tapioka lan cara ngocalipun prsaja, ananging krupuk punika, sakelangkung miraos, boten kawon kaliyan krupuk damelan pabrik. Ananging awit pangrembakaning  jaman, krupuk punika tansaya kadhesuk, satemah cacahing perajin kantun sekedhik. 
Padhukuhan Klisat Srihardono Pundong Bantul, wiwit jaman kamardikan kawentar minangka teleng  produksi krupuk abang putih. Warga  ing desa kasebat, rikala samanten racak makarya minangka perajin  krupuk pohung punika. Nanging samangke cacahing perajin krupuk abang putih,  kantun sekedhik. Mratahipun krupuk damelan pabrik njalari krupuk abang putih, kirang dipun pikajengi  masyarakat.
Sabar, satunggaling perajin krupuk abang putih, mratelakaken, saben dinten ngocal 50 ngantos 70 kg glepung tapioka, kangge damel krupuk,  suda kathah tinimbang 15 taun kapengker. Rikala semanten Sabar damel  krupuk ngantos sa-ton saben dinten, dipun biyantu dening welasan tanaga karya. Samangke Sabar ndamel krupuk nasionalis punika namung kaliyan semahipun. Regi krupuk abang putih mentah Rp 18.000,00 saben kilo . Samangke panyadenipun saya winates, namung dipun sade dhateng  Imogiri iring kidul lan Kecamatan Panggang.
Awit saking punika, para perajin ngajab  pemerintah cawe-cawe  milujengaken produksi krupuk mirunggan saking Pundong punika.


Jinis-Jinis, Ciri-Ciri, Unsur-Unsur, lan Bab-Bab Pawarta

  • Jinising Pawarta
1. Lisan
Pawrta lisan inggih punika pawrta ingkang dipunwartakaken dening tiyang pamiryasa lumantar swara. Pawrta lisan punika saged dipunangsal saking TV, Radio, Isp.

2. Tulis
Pawrta tulis punika pawarta ingkang dipunwartakake lumantar seratan ing kalawarti (koran), ariwanti (majalah), Isp.

  • Ciri-Ciri Pawrta
1. Aktual = baru
2. Faktual = nyata berdasarkan fakta
3. Cekak aos = singkat, padat, jelas
4. Narik kawigaten = menarik perhatian
5. Jangkep = lengkap

  • Unsur-Unsur Pawarta 
 5W + 1H
What (apa)
When ( kapan)
Where ( ana ing ngendi)
Who ( sapa)
Why (geneya /kenapa)
How (kepriye)

  • Bab-Bab ingkang kedah dipungatosaken nalika maos pawarta :
1. Volume
2. Intonasi
3. Jeda
4. Pelafalan
5. Ekspresi



Jinis-Jinis, Ciri-Ciri, Unsur-Unsur, lan Bab-Bab Pawarta

Pawarta

Pawarta / Berita
Kedadeyan kang nembe dumadi ana ing sawijining papan panggonan kang isih dadi rerasaning wong akeh.

Tuladha mediya pawarta:
TV, Radio, kalawarti= koran, ariwarti= majalah

Unsur - unsur pawarta
  • apa
  • sapa
  • kapan
  • nengndi
  • kepriye
  • kena apa

Sifat pawarta
  1. aktual
  2. faktual
  3. cekak aos
  4. narik kawigaten = menarik perhatian
  5. unik
  6. jangkep

Contoh Geguritan

DALAN OMBAK

Wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu
lan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku
kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine
kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar
sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan
ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon
lan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna
tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina

Sidoarjo, 2007



Contoh Geguritan

Contoh Geguritan

UDAN WAYAH SORE

udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu



Contoh Geguritan

Contoh Geguritan

SADAWANE DALAN PUTIH

Dalan putih sing mendhak medhukul
Dawane tanpa wates, tanpa wates
Apa  sliramu ngerti, sakiwa tengene akeh dajjal
Tawa woh-wohan seger lan manis?

Iki jagad tontonan
Papan kiprahe para paraga
Menganggo sandhangan kebak gebyar
Pasuryan didandani maneka rupa
Kabeh sarwa cakrak diputih sarwa ngresepi
(kari milih sapa jumangkah premati
Endi sing rewa-rewa endi sing sejati)

Sadawane dalan putih
Kita kabeh mung kari milih
Lan bisa ngrasakake legine bratawali
Kalamun wis manggon ing wetenge bumi.

Ambal Kebumen, Maret 2002
Turyo Ragilputro


Contoh Geguritan

KIDUNG SAKA WUKIR DANARAJA

Mirengna ujaring kandha
Jamane sekar sinengkar ing pringitan
Dhusun kencana ijo royo elok nyata
Rinengga taneman meneka warna
Tanjung kenanga mawar regula
Gandasuli mlati lan soka
Tlatah reja mekar ngrembaka
Kaserat abyor kuncara
Kang ngayomi wong agung linangkung
Wanodya kebak pangalembana
Kanjeng ibu kang asmanya arum ing rat
Ibu Agung sakaring pamuji

Wis dadi Kersaning Gusti
Sang endah jumeneng dadi oboring jaman
Kang nyimak sasmitaning ngaurip
Antuk berkah trus jumeneng ing uripe
Wruh ing rasa kang satuhu
Sang lukita maraga sekar bawana
Kikisa ong tutur ala
Lestari ing sejarahe
Agung arum ati suci
Danaraja wis dikunci
Anane mung enget negeri
Ing tlatah lor pasir dadi mlati
Jepara, april 2005
Diah Hadaning
Panjebar Semangat – 26 – 25 Juni 2005