Jumat, 13 November 2015

WAWANCARA

Wawancara yaiku tukar pitakon lan wangsulan karo sapa wae (narasumber) kanggo dijaluk ketrangan utawa wawasane babagan hal-hal tertamtu.

Babagan kang prelu digatekake sadurunge nindhakake wawancara:
a.       Nemtokake topic wawancara
b.      Nemtokake tujuan wawancara (informasi apa kang digoleki)
Tujuane wawancara bisa dikelompoke dadi papat:
1.      Kanggo golek kabar (informasi). contone wawancara karo bakul jamu, petani,lsp
2.      Kanggo golek panemu (opini). contone wawancara karo pakar politik utawa pakar budaya,lsp.
3.      Kanggo golek bebekalan crita. contone wawancara karo korban bencana,kecelakaan,lsp.
4.      Kanggo golek bebekalan biografi. contone wawancara karo penulis buku /tokoh nasional ngengingi babagan perjalanan urip.

c.       Nyiapake pitakon-pitakon
d.      Nemtokake sapa narasumbere
e.       Gawe janji karo narasumber kapan la nana ngendi anggone ketemu kanggo wawancara
Kang wigati yaiku Anggone wawancara karo wong sing luwih tuwa kedah gatekake tata kramane utawa unggah-ungguhing basa.Sabanjure wektu wawancara kudu anggatekake babagan kaya ing ngisor iki:
a.       Miwiti wawancara kanthi salam
b.      Nganggo basa kang sopan miturut unggah-ungguhing basa
c.       Pandelengake tumuju ing narasumber
d.      Aja menehi pitakon kang wangsulane “iya utawa ora”
Pungkasi wawancara kanthi gunging matur nuwun amarga narasumber sampun paring informasi.

Wawancara

Tidak ada komentar:

Posting Komentar